Pengumpan:
Tulisan
Komentar

Shalat kuwe ibadah sing agung, cara ngerjaknane ya kudu meluni contoh sing diajarna Rasulullah. Shalat limang waktu kuwe hukume wajib. Khusus nggo wong lanang wajib ngerjakna shalat limang waktu secara berjamaah nang masjid, dudu nang umahe dewek-dewek, kecuali nganggo wong lanang sing ana udzur, udzur kuwe pada baene alangan, sing nyebabna ora bisa nekani masjid. Contone sebab mriyang, dirawat nang rumah sakit, atawa sebab-sebab liyane sing dibenerna ding syariat.

Beda karo wong wadon, yen wong wadon luwih utama shalat nang umah, pahalane luwih akeh daripada melu shalat berjamaah nang masjid karo wong lanang. Yen wong wadon pada ngerti tentang keutamaan shalat nang umah, sebabe keutamaane kuwe ngluwihi shalat berjamaah karo wong langang nang masjid, wong wadon pasti luwih milih shalat nang umah bae, dudu malah rame-rame shalat nang masjid. Lanjut Baca »

Bismillah,

Sapa sing arep ngirim artikel boso jowo? Monggo dikirimna mene bae wis,.. Tapi artikel sing dimuat sementara ora ana balasane, balasane njaluk maring Allah pahalane.

Artikel sing ditulis sing ilmiah, karo ora bertentangan karo ajaran islam,..

Kirimna bae maring mene ya,.. samberangledeg@yahoo.co.id

Matursuwun…

Bismillah,..

Sekabeh puji kaduwene Allah ta’ala, shalawat uga salam mugi-mugi tetep keparing dumateng kanjeng nabi kito Muhammad shalallahu ‘alaihi wasallam, para sahabate, keluargane, lan wong-wong islam kabeh kang tetep meloni ajarane Muhammad shalallahu ‘alaihi wasallam nganti dina kiamat.

Kyeh sadulur kabeh kelawan nyuwun pitulunganipun Allah inyong pan nulis bab ilmu agama islam sing kaitane karo masalah tauhid. Tauhid kuwe asale sing basa arab, yen nggo basa jawa artine nunggalaken atawa nyawijiaken. Lanjut Baca »

Allah mrentahna marang nabi kita muhammad shalallahu ‘alaihi wasallam, “Hai muhammad, ngomonga njenengan maring menungsa kabeh, kesenengan dunia kuwe mung sadelat, akherat kuwe luwih apik pungkasane kanggo wong-wong sing bertakwa .. ( surat an Nisa : 77 )

Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam wis nein gambaran kayangapa sadelate kesenengan urip nang dunya kiye dibandingna karo kenikmatan-kenikmatan sing bakalan dirasakna nang akherat mbesuk. “Wallahi” dunia kiye dibandingna karo akherat ora luwih kaya misale salah siji wong sing nyelupnya  siji jentike , sambil nabi nunjuk maring laut, njajal di ileng banyu sing nempel nang jentik ( ana ning shahih muslim, IV halaman 2193 hadits no. 2858) Lanjut Baca »

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.